Jumat, 16 Desember 2011

contoh penganalisisan cerkak

SIDANE WURUNG
Jujur bae sejatine aku wes ora kepengin sinau crita maneh, apa crita cekak, apa crita alaming lelembut, apa maneh crita sambung. Pancen wes nate dak coba bola balisinau nulis crita banjur konsultasi marang kanca guru bahasa.ngendikane kanca guru mau asile olehku nulis wis lumayan apik. Upama dibiji asile wes bisa oleh biji sakdhuwure pitu setengah. ”Kados pundi kpak, seratan kulakirange wonten pundi?”ngono pitakonku marang pak Yahdin sing guru bahasa akuwi. Jawabe “Sampun sae, bab tandha baca lan kosa katanipunpanjenengan priksane malih. Nggih punika kemawon.”
Nanging ya kuwi sauger tulisan kuwi wes dadi lan banjur tak kirim menyang salah sawijineng majalah luwih akeh ora dipacake tinimbang sing dipacak. Sejatine aku dhewe ya ngerti yen jumlahe kiriman naskah iku banget. Kang dadi sainganku mesthi bae ya wis professional kae. Kejaba kuwi redaksine anggone milih mesthiya selektif banget, genah majalah kuwi konsumsi-ne wong akeh.
Kapan kae kok aku kepingin latihan nulis maneh, eh sinau nulis! Sing njalari aku kepingin nulis maneh iku jalaran yen pinuju maca tulisan ing majalah kae sajak kok katon sederhana banget lan katon sederhana gampang. Bahasane sederhana, temane waah jan merakyat banget. Coba panjenengan rak ya nate maos ta?ana crita wong loro tukaran jalaran perkara miras, njur ana maneh wong mudhun saka numpak becak digeguyu sedulure jalaran numpak becak kok teles kebes kena udan. Mengkono iku rak tema sing sederhana. Mula iku mumpung ana inspirasi kang mampir lan kebeneran hari libur Nyepi, aku tak nyepi dhewekan saperlu latihan nulis.
Esuk ing dina libur Nyepi kuwi aku aku sida nyepi temenan ora kepingin dolan, ora kepingin metu saka omah. Bocah-bocah ben karo ibune sowan embahe ing tangga-desa. Saka omah daleme daleme mara tuwa iku kira-kira mung rong kilo meter.
Ing kalodhangan dina libur iki arep dak anggo miwiti maneh sinau nulis mumpung ana inspirasi mampir mau. Aku banjur ngomong marang ibune bocah: ” Bu …. Pumping prei aku dak ana ngomah ngrampungake tulisanku. Awawakmu karo bocah-bocah sowana bapak ibu lan aja lali diaturake yen aku ana perlu “”Iya beres, lha panjenengan mengko dipundhutake apa?” pitakone bojoku. “ Wis ora, kae ana jajan sethithik. Sungkemku bae aturna bapak lan ibu.”
Tenan jam 06.30 esuk iku aku wis lungguh kursi ngadhep meja lan wis cawisan kertas folio yen kira-kira ana 50 lembar ditambah ballpen loro. Kertas folio sakmono akehe iku walike wes ana tulisane, ning ya tulisanku sing cabar ora bias dadi garapan.
Budhale bocah-bocah karu ibune wes ora dak gagas. Malah nalikane pamit marang aku, mung dak jawab sauger muni bae. “Bapak, putrid karo adik nderek ibu lho…. assalamualaikum…”wangsulanku cukup ringkes: “Waalaikum salam….”
Nalika aku arep miwiti nulis, kaya yen ning ngarep kelas kae bocah-bocah dak ajak berdoa disik. Lha saiki dak cekake marang awakku dhewe, arep wiwit nulis awakku dak abani dhewe: “Siap… berdoa… mulai! Bubar berdoa banjur aku berusaha konsentrasi penuh, ngeling-eling inspirasi kang mampir dek mau kae. Biyasane sinambi ngeling-eling barang sing kelalen iku dibarengi karo merem-merem.
Nalika merem-merem mau kang gledhohtangga kulon omah nabuh belling pos kampling, disusul sunu tangga siji maneh marani aku. Sunu iki isih keponakane pak RT, dheweke banjur kandha:”mas djiwa… mangga kerja bakti.”
“Lho… wingi ora ono kabar, saiki kok ana kerja bakti?” wangsulanku alot.
“nggih… wingi sonten dalem mriki tutupan. Napa tindhak…?” ngono omongane sanu.
Satemene gawean kerja bakti kuwi nyenengke kok. Coba dipenggalih, kumpul ketemu tangga kuwi arang-arangsaiki bias ketemu ana kahanan santai.ora ana ikatan kang sifate formal, lungguh, mlaku, ngadeg, njunjung apa wae ditindakake kanthi ikhlas. Ngono maneh biyasane sing digarap mung reresik lingkungan. Dadi ora bakal nandangi barang kang abot. Pancen Alhamdulillah, dhaerahku pancen dudu dhaerah rawan bencana. Dadine ya aman-aman bae.
Rampung kerja bakti pak RT sing anggota kodim iku ngendika: “pak mangga sedaya kemawon tindak daleme pak Kaya. Mangga…” suarane pak RT ulem tur alus.
“Kaagungan kersa punapa ta pak RT?”pak Edi, dhik Donny, lan dhik Nugroho bareng-bareng nyuwun priksa marang pak RT. “Anu… pak Kaya syukuran, putrane nomer papat mau bengi disunatake,” jawabane pak RT. Aku melu sumambung: “kanca-kanca rak sami dereng mangertos ngaten pak?” njur dak terusake: “Terus pripun?” karepku, biyasane rak padha nggawa amplop kanggo si bocah kang disunati. “Inggih, ning ngendikane pak Kaya kanca-kanca mboten perlu menggalih bab punika. Santai mawon pak… ngendikane ngaten.”Pak RT banjur ninggalake aku tumuju daleme pak Kaya.
Pancen pak Kaya kuwi wong sukses, kagungan pompa bensin lan swalayan. Priayine gedhe dhuwur lan blater, tegese grapyak sumanak lan ora mbedakake antarane sing sugih lan sing miskin. Ngendikane yen bandha kuwi mung barang titipan saka sing kagungan jagad iki, sawayah-wayah bias dipundhut bali.
Ing njero, mapan ing garasi mobil keprungu suwarane pak Kaya kang grapyak kang mbagekake tamune: ”Mangga, mundhut piyambak-piyambak kemawon. Pladene dereng wonten. “Sateruse: “mangga sedaya sami…” during tutug olehe ngendikane wis disaut pak Gunung: “dereng wonten sing adus…!”Geerrr, kabeh padha ngguyu. Nuli pak Kaya nambahi: ”Kula nggih ngaten kok, nanging sedaya rak sami sampun”cuci muka” ta, rikala badhe subuhan kala wau?” Maksude wis wudhu. Sawetara tamu mangsuli:”Inggih….”
Mas Kiplu sing asline rada adoh, saka luar kota ngadek ana mburiku mbisiki: “Mbisiki “Dhik Dwi, menune cocog dhik… nasi rawon.” Nanging pas nalika aku pas njupuk rawon dumadaken wayer kang ana nduwurku ciblok nibani tangan tengenku. Kuwah rawon kang panas kutah, kena tanganku kiwa, kaos lan sikilku. “ Ya Allah, kok ana kedadeyan ngisin isini kaya ngene ya…”, ngono sambatku lirih. Arep mbengok kok ya ora patut, mula kang kawektunmung: “Uuhhh!”
Bebarengan karo swara:”…uuhhh mau ana bocah ngguyu banjur celathu:”Bapak kaget ya?” jebul anakku lan ibune wis bali. “Nglindur ta pak? Biyasane yen nulis malah akeh sarene kok.”
“Wah, cilaka bu. Sirku nyepi karo sinau nulis jebul keturon maneh.” Wis,wis, wurung maneh. Ora sida ana asile. Ya… pancen dudu penulis…


ANALISIS CERKAK
Strukturalisme
Tema : Niat kang ora kelaksanan
Tokoh :
• Dwija
• Bojone Dwija
• Anake Dwija
• Sanu
• Pak RT
• Pak Kaya
• Pak Gunung
Watak :
• Dwija : plin plan, ambisius
• Bojone Dwija : perhatian
• Anake Dwija :manut
• Sanu : sregep
• Pak RT : telaten
• Pak Kaya :grapyak sumanak
• Pak Gunung :humoris
Sudut pandang : orang pertama
Amanat : wong kuwi mergaweya sing diisani, lan aja garap sing ora gaweane.
Alur : maju
Unsur yang paling menonjol : alur
Pendekatan dalam Sastra
Pendekatan yang digunakan : pendekatan sosiologi yaitu pendekatan pada segi sosial masyarakat
Sistem Semiotik
Tanda : nabuh bell ing poskamling
Merupakan petanda indek : bahwa akan adanya perkumpulan warga masyarakat di daerah tersebut
Metode analisis
Metode analisis yang digunakan dalam karya sastra tersebut adalah metode struktural semiotik
Pristiwa
Cerita cekak ini hampir semuanya adalah pristiwa, karena cerkak ini hanya menceritakan kegiatan tokoh utamanya saja

Tidak ada komentar:

Posting Komentar